[Intro]
[Verse 1]
Dasar ora nepak ngawak,(Kartisem)
Èling umur wis sewidak,(punjulè nenem).
Èsuk-sorè tindak,
nggawani lipen karo wedhak
Nggo pranti
molès awak.
[Verse 2]
Limbeyanè nyempal blarak,(Kartisem)
Goli mlaku pating kradhak,(Ora tèyèng kalem)
Liwat ngarep koplak,
menyak kulit gedhang keplarak.
Mekrosak,
Nibani cikrak.
[Reffrain]
Nèk atos, aja diklethak,(Nininè)
Wis tuwa, aja kemlithak.
Kegedhèn empyak,kurang cagak.
Èling maring sanak,
sdulur, putu, lan anak.
Aja kakè-an sing dicandhak.
Mlebu ngguwa gramak-gramak,(Nininè)
Tambah tuwa tambah ladak.
Goli polah kaya wong mencak
Dhèla-dhèla njimprak,
banjuran ngguyu nyekakak,
Karo merem ndangak-ndangak.
[Verse 3]
Èsuk-èsuk kayong gipyak (Kartisem)
Diundang, ora gelem nylingak, (apa maning mèsem).
Nganggo sandal bakyak,
oninè pathing kemlothak
Kepadhuk, ngrungkebi bècak.
[Break]
[Melody]
[Music]
[Verse 1]
Dasar ora nepak ngawak,(Kartisem)
Èling umur wis sewidak,(punjulè nenem).
Èsuk-sorè tindak,
nggawani lipen karo wedhak
Nggo pranti
molès awak.
[Verse 2]
Limbeyanè nyempal blarak,(Kartisem)
Goli mlaku pating kradhak,(Ora tèyèng kalem)
Liwat ngarep koplak,
menyak kulit gedhang keplarak.
Mekrosak,
Nibani cikrak.
[Reffrain]
Nèk atos, aja diklethak,(Nininè)
Wis tuwa, aja kemlithak.
Kegedhèn empyak,kurang cagak.
Èling maring sanak,
sdulur, putu, lan anak.
Aja kakè-an sing dicandhak.
Mlebu ngguwa gramak-gramak,(Nininè)
Tambah tuwa tambah ladak.
Goli polah kaya wong mencak
Dhèla-dhèla njimprak,
banjuran ngguyu nyekakak,
Karo merem ndangak-ndangak.
[Verse 3]
Èsuk-èsuk kayong gipyak (Kartisem)
Diundang, ora gelem nylingak,(apa maning mèsem).
Nganggo sandal bakyak,
oninè pathing kemlothak
Kepadhuk, ngrungkebi bècak.
[Outro]