[Intro]
[Verse 1]
Dasar ora nepak awak,
(Kartisem)
Èling umur wis sewidak,
(punjulè nenem).
Èsuk-sorè tindak,
nggawani lipen karo wedak
Nggo pranti
molès awak.
[Verse 2]
Limbeyanè nyempal blarak,
(Kartisem)
Goli mlaku pating kradak,
(Ora tèyèng kalem)
Liwat ngarep koplak,
menyak kulit gedhang keplarak.
Mekrosak,
Nibani cikrak.
[Reffrain]
Nèk atos, aja dikletak,
(Nininè)
Wis tuwa, aja kemlithak.
Kegedèn empyak,kurang cagak.
Èling maring sanak,
sedulur, putu, lan anak.
Aja kakè-an sing dicandak.
Mlebu guwa gramak-gramak,
(Nininè)
Tambah tuwa tambah ladak.
Goli polah kaya wong mencak.
Dèla-dèla njimprak,
banjuran guyu nyekakak,
Karo merem ndangak-ndangak.
[Verse 3]
Èsuk-èsuk kayong gipyak,
(Kartisem)
Diundang, ora gelem nylingak,
(apa maning mèsem).
Nganggo sandal bakyak,
oninè pating kemlotak
Kepaduk, ngrungkebi bècak.
[Break]
[Melody]
[Music]
[Verse 1]
Dasar ora nepak awak,
(Kartisem)
Èling umur wis sewidak,
(punjulè nenem).
Èsuk-sorè tindak,
nggawani lipen karo wedak
Nggo pranti
molès awak.
[Verse 2]
Limbeyanè nyempal blarak,
(Kartisem)
Goli mlaku pating kradak,
(Ora tèyèng kalem)
Liwat ngarep koplak,
menyak kulit gedhang keplarak.
Mekrosak,
Nibani cikrak.
[Reffrain]
Nèk atos, aja dikletak,
(Nininè)
Wis tuwa, aja kemlithak.
Kegedèn empyak,kurang cagak.
Èling maring sanak,
sedulur, putu, lan anak.
Aja kakè-an sing dicandak.
Mlebu guwa gramak-gramak,
(Nininè)
Tambah tuwa tambah ladak.
Goli polah kaya wong mencak.
Dèla-dèla njimprak,
banjuran guyu nyekakak,
Karo merem ndangak-ndangak.
[Verse 3]
Èsuk-èsuk kayong gipyak,
(Kartisem)
Diundang, ora gelem nylingak,
(apa maning mèsem).
Nganggo sandal bakyak,
oninè pating kemlotak
Kepaduk, ngrungkebi bècak.
[Outro]