Esuk esuk thenguk thenguk crito
Ra sengojo ngrasani tonggo
Apik elek dicritakno
Nganti koyo sek paling sempurno
Thilang thilung ra due gawean
Mergo di phk neng tengah dalan
Duwe anak bojo nganti ra mangan
Sebab anane kahanan
Usaha golek dagangan
Dodolan gombal via online nan
Disambi maklaran ben iso bayaran
Sekadar ikhtiar supoyo oleh sandang pangan
Kudu obah ben iso mamah
Dilakoni kabeh penting berkah
Mugo di ijabah gusti Allah
Kanti ikhlas ing njerone manah